Langsung ke konten utama

Sesorah Perpisahan Sekolah


Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Kepala SMP Negeri 2 Godean ingkang kawula muliaken,
Bapak, Ibu Guru ugi staf karyawan SMP Negeri 2 Godean ingkang kawula kurmati,
Para tamu undangan ingkang kula kurmati, lan
Kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Ingkang sepindah, sumangga kita ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung ingkang sampun maringaken sedaya nikmat lan kewarasan dateng kita, sahengga ing wekdal menika kita sedaya saget kempal manunggal wonten ing adicara Perpisahan sakmenika.
Kula wakil saking kanca-kanca kelas 9 ngaturaken matur nuwun dhumateng Bapak lan Ibu Guru ingkang sampun kersa nggulawentah kula lumantar ing SMP Negeri 2 Godean menika, ingkang dangunipun tigang warsa.
Wonten ing adicara menika, kula piyambak saha kanca-kanca nyuwun agenging pangaksami dhumateng Bapak lan Ibu Guru menawi gadhah kalepatan ingkang dipun sengaja lan mboten disengaja. Mugi-mugi Bapak Ibu Guru paring pangapunten dhateng kula lan kanca-kanca. Lan mugi – mugi amal kesaenan Bapak Ibu Guru pikantuk piwales kaliyan Gusti ingkang Maha Pinasih. Aamiin
Satuhunipun kula lan kanca badhe nilaraken sekolah mriki, lan nglanjutaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan kang luwih inggil, kula nyuwun pandonga restunipun saking Bapak lan Ibu Guru.
Kula pesen kagem adek – adek kelas 7 lan 8 supaya ningkataken sinau lan ningkataken ngibadah. Mugi – mugi adek saget ndamel namining sekolah mriki tambah sae tinimbang ingkang sampun kelampah.
Cekap semanten atur kula. Mbok bilih wonten kalepatan, kula nyuwun agenging pangaksami.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Nama : Fani Salamah
Kelas : 9B / 14

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

CONTOH PROPOSAL MEMBUAT SARUNG BANTAL KURSI

        BATIK SARUNG BANTAL KURSI Kelas                :         IX B Disusun Oleh : 1.   Dwi Arief W. 2.   Fani Salamah 3.   Gusmanto Bimantoro 4.   Kewia Primandani 5.   Susilo Bagas Woro SMP NEGERI 2 GODEAN 2014 A.   Tujuan Tujuan kami dalam penulisan proposal ini adalah untuk memenuhi syarat Ujian Praktik Mata Pelajaran Keterampilan Batik. Selain itu, proposal ini juga bertujuan untuk menambah informasi mengenai Cara Pembuatan Sarung Bantal Kursi yang Bermotif Batik. Semoga proposal ini bermanfaat. B.   Bahan   Adapun bahan yang harus dipersiapkan: 1.     Kain berkolin 45cm x 45cm. 2.     Kain blaco 3.     Malam 4.     Dakron 5.     Benang 6.     Pewarn...

Resensi Buku: Panduan Belajar Fotografi Digital

Identitas Buku Judul Buku          : Panduan Belajar Fotografi Digital Pengarang Buku : Antonius Fran Setiawan Penerbit Buku      : CV. ANDI OFFSET (Penerbit ANDI) Tahun Terbit         : 2005 Tebal Buku           : 113 halaman ISBN                    : 9797630420 Resensi Buku Buku Panduan Belajar Fotografi Digital ini adalah salah satu buku yang diterbitkan oleh CV. Andi Offset secara sederhana namun kompleks. Buku ini berisi mengenai penjelasan apa itu fotografi, elemen-elemen yang ada pada fotografi, prosedur penggunaan kamera, sampai dengan pengelolaan citra digital dari sebuah foto. Dunia fotografi bukanlah ilmu pengetahuan yang statis, akan selalu banyak perkembangan didunia fotografi seiring dengan berembangnya teknologi masa kini.  Perkembangan fotografi tidak hanya dari perangkat saja, juga berkembang pula di sisi teknolog...